Layang Suworo - Enisaraswati

LAYANG SUWORO
Enisaraswati

Esok mau aku pingin ngucapne...
Tahun baru hijriah...marang panjenengan kang mas..
Ora nyono ora ngimpi...
Naliko arep dak kirim...jariku salah pencet

Opo iki sing diarani..nasip lagi apes
Layang suworo teko panjenengan
Ilang kabeh....

Yen panjenengan takon...
Opo rasane atiku...naliko layang suara ilang...
Aku getun...ananging mung sithik..

Kahanan iki sing ngawe aku nyimpen
Sewu pitakon sing dhak jawab dewe
Ora ono sing kebeneran...
Kabeh kuwi kasane...Sang Gusti

Awake dewe iki mung wayang...kang mas...
Opo jare dalang...obah ngiwo opo obah nengen
Crito ono pambukane...ono ugo pamukasane
Tak jalok marang panjenengan...ayo di tompo kanti nglegowo