Rembulan Moblong Oleh Sdwijosusastro

REMBULAN MOBLONG
Oleh Sdwijosusastro

Nalika rembulan moblong ucul saka gendhonganing jagad
Ayo, gegancangan mapag abyoring lintang sayuta
Dimen biruning langit kang bakal kagelar ing wengi iki
Bisa mbok gambari pangangen-angen geganthaning uripmu

Nalika rembulan moblong mancati tataraning langit
Ayo, gegancangan mapag tumuruning tetes atising embun wengi
Dimen gegambaran geganthaning uripmu
Bisa mbok pulas karana abanging sedya

Nalika rembulan moblong panjer tengahing wengi
Ranggehen abyoring lintang sayuta
Lan jumputana tetes atising embun wengi
Kang kekinclong ing pucuk ijoning gegodhongan
Dimen geganthaning urip kang wus bok gambari
Ing jembaring pangangen-angen
Bisa bok patri ing ati sanubari

Lan nalika rembulan moblong wus pangklong tumpak gigiring arga
Sumetana oboring laku lan cawisna tekening urip
Dimen gegambaran geganthaning urip kang wus kapatri
Bisa kababar bareng mletheking baskara esuk.