Said Kalijaga, Langit Donya

SAID KALIJAGA, LANGIT DONYA
Gurit Mashuri

sapa kang ndeleng ing walike peteng
kuwi, sapa kang mencep lan krasa landep
ing ati kuwi, sapa kang ngibas-ngibasake kipas
hawane kaya lesus kang nrabas
anggonku napak tilasi ati
mati, lan nguripi...
napas nepsu sun dadi kedung
kang mayekti ing sebarang werna

wernaning bumi, plung...
kaya swarane kodok kang nyemplung
ing leng-leng, luweng
kang wus dakdeleng, tur peteng

gung....
pedut kaya ndudut rasa, ing dada, marang swara
kang ngaruara ing pandosa
pandosaning donya
donya sun kang wus dakringkes ing pasemon-pasemon
gurit
kang nyelurit marang kulit
rasa

duh,
wus dakkandut kanti iklas, swarnaning napas
kaya sukma kawekas, uga tilas
kang rinacik ing klaras-klaras kanyatan
jati, kang dadi dumadi
sun isih suwung!
nyengkuyung samubarang kang temlawung
kaya udan kang rinakit langit
dadi kaendahan, uga sengit
mung donga kang bisa dadi lapis-legite ati
kang angucap marang wijil sejati
kang mijil ing lati
hong wilaheng, sun isih aeng!
reronce ati iki saya suwe, saya ngawe-ngawe
marang marga kang durung kajaga
marang ati kang durung ngeli
ing kali-kali...
sun durung kalijaga
sun isih said kang lumaku ing dalan-dalan
pait, kebak dedemit
nuju dununge petit
punjere langit

Sidoarjo, 2007