Jalma Mara, Jalma Mati

JALMA MARA, JALMA MATI
Gurit Mashuri

“Jagat iki ana, ana kang jaga!”
aku isih eling marang kandhamu, tatkalane lemah dadi kawah
ing antarane porong-tanggulangin
banjur krasa ana kang gosong ing batin
batin panguripku, ngegirisi marang daya lantipku
kaya gosonge areng klapa kang wus ilang wawa
kaya jasad kang limpad kelangan nyawa...
awakmu banjur nyuwun, nyadong
marang langit kaya nyadonge godong
kang wus kawus saka udan lan panas

“duh, kakang kawah, duh adi ari-ari, getih, puser
punjer awakku....”

kabeh krasa bali marang jati, kang kababar ing diri
kaya dununge pati urip bandan segara lungguh
duh, sampyuh ati lan pikiranku
ing telenge rasa,
aku banjur ndodog anane uni, kang bisa dadi basa
kang netepi janji marang margi kang wus dadi
crita kang kaserat ing lontar-lontar kuno

“ana suluh kang kasebut nuh, kang wus nabuh warta
ing kitab-kitab tuwa
bandang iku ora mung amerga udan
nanging uga saka kanyatan
kang dadi lelabuhan, jerone pager lan punjer”

“ana uga crita kang wus dadi dawa
saka lambe-lambe tuwa
kang sinebut baru klinting, rawa pening
nggon dununge ngening
kang dadi pepepiling
marang desa-desa ing kiwo-tengene Siring”

Wus dadi nujum, kandhamu, ana wektu kang bakal bali
marang latu, senajanta watu tetep kasebut watu
Wus dadi jangka, kandamu, ana cuwilan wektu kang bakal bali
marang saiki,
senajanta nganggo cara kang wus kaanggep ora ana
nganggo basa kang wus kaanggep mati
ing bumi

jalma mara, jalma mati!
Sidoarjo, 2007